Desa tugu adoh sing palimanan..
Desal langut ngetane junti kedokan..
Bengi minggu batur mah pada demenan..
Ari reang ngunggut kari dewekan..
••Godong salam digawe lulur..
••Desa trisi genae wit waru..
••Selamat malam para sedulur..
••Kula permisi arepan turu..
Aana kemit arane mang tarsiwan..
Wonge cilik sing desa anjatan..
Senok pamit mangkat ning taiwan..
Barang balik ngajak pegatan..
Tuku gitar ning pasar senen...
Mangan anggur nginume dugan..
Wilayah gantar wis pada panen..
Daripada nganggur yugah pada jaragan..
Jagat panen kepengen nginang,,,
Godong klapa wadae serabi,,,
Kayakenen nasibe reang...
Umur wis tua durung due rabi...
Godong klapa wadae serabi,,,
Kayakenen nasibe reang...
Umur wis tua durung due rabi...
Ning srombyong luruh kayu
Desa kramat genae muludan
Aja sombong dadi wong ayu
Bokat tak kemat dadi edan...
Desa kramat genae muludan
Aja sombong dadi wong ayu
Bokat tak kemat dadi edan...
Tuku kabel ning karang turi,,
Ning gunung jati genae serabi,,
Awak pegel ora mari-mari,,
Langka sing mejeti nang ora due rabi,,,
Ning gunung jati genae serabi,,
Awak pegel ora mari-mari,,
Langka sing mejeti nang ora due rabi,,,
Mangkat ning jakarta dina selasa,,
Ning ragunan mapir ning putu,,
Wong mabok cinta bli pandeng dosa,,
Sampe akeh wong kawinan sekalian memitu,,
Ning ragunan mapir ning putu,,
Wong mabok cinta bli pandeng dosa,,
Sampe akeh wong kawinan sekalian memitu,,
Tapih teles wayah awan di entasi,,
Tuku petis ning karang turi,,
Ati ngenes di tinggal ning taiwan,,
Turu atis laka sing baturi,,
Tuku petis ning karang turi,,
Ati ngenes di tinggal ning taiwan,,
Turu atis laka sing baturi,,
Ana wengwe nggawa gedang,,
Tuku wedi ning palembang,,
Ngrayu cewe wis ora mempan,,
Nang mang yudi wis ora bujang,,
Tuku wedi ning palembang,,
Ngrayu cewe wis ora mempan,,
Nang mang yudi wis ora bujang,,
Mangkat sanja ning wanakaya.
Ning nok nining rangda merana.
Niat sun kerja ning negara korea.
Sedelat maning bakal kelaksana.
Ning nok nining rangda merana.
Niat sun kerja ning negara korea.
Sedelat maning bakal kelaksana.
Nandur cemara ning pinggir kedokan..
Dolan ning panjul nggawa gorengan bakwan.
Dalan pantura persis kaya congklakan.
Brenjal brenjul pada bolong bli karuan...
Dolan ning panjul nggawa gorengan bakwan.
Dalan pantura persis kaya congklakan.
Brenjal brenjul pada bolong bli karuan...
meng bango dua numpak toyota.
Nyampe larangan mobile oreg..
Emang wong tua omongane nyata..
Lamon ntas mangan wetenge wareg..
Nyampe larangan mobile oreg..
Emang wong tua omongane nyata..
Lamon ntas mangan wetenge wareg..